B. Daerah

Pertanyaan

cerita kelahiran krishna dalam bahasa jawa

1 Jawaban

  • Kresna iku sawijining paraga Mahabharata. Nalika isih timur, asmané Narayana. Ing pedhalangan, Kresna kondhang amarga lantip lan pinter micara. Karo Arjuna, Kresna kapilih dadi titisaning Bathara Wisnu. Raja ing kraton Dwarawati iki sawijining turuning Yadhu. Miturut padhalangan Kresna iku anake Prabu Basudewa, nata ing Mandura kang angka loro patutan karo Dewi Mahindra iya Dewaki. Kadange sepuh asmane Raden Kakrasana iya Prabu Baladrewa, dene rayine asmane Dewi Bratajaya iya Wara Sumbadra. Garwa-garwane yaiku Dewi Jembawati, putrine Resi jembawan ing pertapan Gandamadana, peputra Raden Samba Wisnubrata, Dewi Rukmini putrine Prabu Bismaka (Arya Prabu Rukma) ing Kumbina, peputra Dewi Titisari lan Raden Saranadewa (arang dikocapake) lan [[Dewi Setyaboma], atmajane Prabu Setyajid (Ugrasena) ing Lesanpura, peputra Raden Setyaka. Dewi Pratiwi (Pertiwi) putrine Sang Hyang Nagaraja ing kahyangan Sumur Jalatundha, peputra Raden Setija iyaPrabu Bhoma Narakasura, lan Siti Sundari. Miturut padhalangan, Kresna bisa jumeneng nata ing Dwarawati amarga bisa ngasorake yudhane yaksendra, Prabu Yudhakalakresna iya Kunjanakresna, nata Dwarawati kang pungkasan. Ing crita liya, ratu Dwarawati sing dikalahake Narayana iku jejuluke Prabu Narasinga Murti lan senopatine aran Raden Singamulangjaya kang uga banjur dikalahake dening Setyaki. Prabu Narasinga banjur manitis ana anggane Prabu Kresna, dene Singamulangjaya manunggal sajiwa karo Setyaki. Crita iki bisa ditemoni ing lakon wayng Bedahe Dwarawati. Dasanamane miturut padhalangan : Prabu Sri Bathara Kresna, Prabu Harimurti (putrane pak SBY asmane Harimurti),Sasrasumpena,Danardana (Janardana), Sang Padmanaba, Narayana, Giwangkaton,lan Prabu LengkawamanikIng Bharatayudha, Kresna dadi utusan kanggo Pandhawa menyang Kurawa. Kadadeyan iki ana ing lakon Kresna Duta. Dene nalika Arjuna arep tandhing lawan Adhipati Karna, Kresna menehi wejangan marang Arjuna. Arjuna rangu-rangu arep mangkat perang amarga arep tandhing karo sedulure dhewe.

Pertanyaan Lainnya